Wednesday, October 22, 2014

Geguritan

Dalan Sawiji
dening : Luthfiah Khairunnnida'

Langit ing awaling rina
udan tipis wis sirna
tumibaning embun kaya menehi sasmita
hayo enggal gumrigah
padha kumpul pinggir desa
iki dalan sawiji ing pinggir kali
arep pedhot jalaran bena sedalu
hayo makarya bebarengan




Kumpul  sedulur sedhusun
hanyengkuyung gawean agung
arit, graji, pacul lan liyane
ing tangan lan pundhak rosa
rumeksa ing tanggungjawab
urun sak eyek sak eka kapti
nuli tumandang tanpa ngarep-arep biji lan puji

nek saben dhiri andarbeni
ing rasa mengkono
dikantheni ati kang suci
aku yakin bakal tumeka ing makmuring negeri.

imogiri,  juli 2013


anda sebaiknya berkunjung ke sini

No comments:

Post a Comment

Bensae Community is dedicated to be a virtual home for empowerment and enlightenment. Thanks for visiting.